Akhir-akhir ini blogwalking ke blog teman-teman lagi banyak yang membahas tentang ibu atau ayah atau keduanya. Gk bisa enggak aku jadi inget my mom…
Aku ingat pernah menulis tentang cinta ibu dan ayah di blog sebelah. Judulya katresnan sejati. Kubaca lagi dan aku mrebes mili… Kubagikan buat temen-temen ya apa yang pernah kutulis dulu waktu bulan Desember 2007.
Katresnan Sejati…
Desember 28, 2007 in sanes | by yustha tt (Edit)
Dinten Ibu dipengeti saben tanggal 22 Desember. Nalika wonten rerembag bab punika kaliyan rencang, kulo kemutan ibu ingkang sampun kondur marak sowan wonten ngarsanipun Gusti. Inggih linuber lan jembar tresnanipun ibu dateng putra-putranipun. Inggih tresno ingkang sejati ingkang diparingaken ibu dateng bapak, sigaraning nyowo. Tresno punika ingkang ndadosaken gesang tansah ayem tentrem, susah, seneng saget dipun raosaken kanthi ayem.
Ibu, ingkang sampun ngandut kulo, ingkang ambabaraken kulo kanthi rekaos, ingkang sampun nglantaraken kulo ngantos dumugi ageng, mandiri kados sakmeniko. Ibu ingkang tresno kalian putra-putranipun ngagem caranipun piyambak. Ibu sanes tiyang ingkang kalem, sabar, utawi lembut. Ibu kulo punika tiyang ingkang galak, sregep, nanging alit atinipun. Dados asring menawi wonten ingkang nrenyuhaken ibu kulo namung saget nangis. Ibu ugi tiyang ingkang tertutup. Arang crios kaliyan putra-putra nopo ingkang dados penggalihipun, namung dateng bapak ibu saget crios.
Ibu tasih alit nalika emah-emah kaliyan bapak. Seg 17 th kala semanten. Gadhah garwa bapak punika kabegjan piyambak kagem ibu. Tresno ingkang mboten dimangertosi kaliyan ibu, ibu caosaken dateng bapak. Nopo ingkang bapak paringi, ibu tampi. Nopo ingkang bapak suwun ibu caosi. Sinten ingkang ngerstosi nopo ingkang dados dalane gesang. Sinten ingkang mangertosi menawi ing tengahing bungah, bapak kedah tindak ninggalaken ibu piyambakan momong 3 lare ingkang tasih alit-alit. Nanging kolo semanten ibu tansah sabar nenggo bapak kondur. Kulo nate tanglet kaliyan ibu: ibu kenging nopo mboten menikah malih wekdal niku? Ibu namung ngendiko: “Ibu eman lan melas karo bapakmu”. Punika ingkang dados ungkapaning raos tresno ibu dateng bapak. Ibu ngendiko mekaten nalika ibu gerah lan sampun mboten saget mlampah. Crios kalih mbrebes mili amargi kemutan wekdal semanten.
Sakbibar bapak kondur, ibu lan bapak milai urip saking nol. Dodos bakul titih (jenang jagung). Menawi sonten mbebek jagung ngagem lumpang lan alu. Mbenjang enjang dipun ideraken. Namung cekap kagem sedinten. Mekaten teras saben dinten. Ngantos dumugi wanci bapak saget nderek buruh bangunan lan ibu nderek njait wonten pecinan. Kolo semanten ekonomi sampun radi lumayan. Saben sabtu bapak saget numbasaken susu kagem lare-lare. Lajeng bapak diparingi sabin kaliyan simbah. Bapak mboten gadhah pengalaman ngolah sabin. Ibu ingkang lare petani ingkang nderek ngolah sabin. Sekedik-sekedik bapak saget. Saben enjing bapak tindak sabin. Mangke jam 9 bapak kondur sarapan. Ibu asring nderek dateng sabin. Nderek matun, tandur, utawi derep. Malah asring nderek derep wonten sabin tiyang lan angsal bawon gabah saknyangking. Punika ingkang dados keseharian bapak lan ibu. Mangke menawi panen, bapak ingkang mbeto wonten peken diboncengaken wonten pit, ibu nyurung saking wingking lan wonten peken dipun sade kaliyan ibu. Menawi panenan polowijo, subuh-subuh bapak lan ibu sampun tindak peken. Saking mriku bapak lan ibu saget nyekolahaken 5 putra ngantos SLTA lan 1 ngantos sarjana (inggih kulo piyambak). Bapak asring ngendiko: “Bapak namung biso nyangoni kepinteran, dene bondo goleko dewe-dewe. Bapak mung biso nyekolahke nganti SLTA, dene arep sarjana sekolaho dewe.” Sakmeniko sampun 3 ingkang sarjana, 1 D3, lan 1 taksih nglajengaken S2.
Ibu gadhah sakit hipertensi. Ngunjuk obat pinten-pinten taun. Sampun pijet wonten pundi-pundi, berobat nggih wonten dokter spesialis saraf. Ibu nate angsal serangan stroke sepindah, nanging saget mantun. Lajeng serangan stroke ingkang kaping kalih njalari ibu lumpuk awak sisih kiwo. Ibu mboten saget mlampah piyambak, mboten saget nopo-nopo piyambak. Bapak ingkang ngrawat ibu kanthi sabar lan gemati. Kadangkolo ibu manja kados lare alit, nanging bapak saget mangertosi sanget bilih ibu punika gerah lan bapak ngladosi ibu kanthi tlaten. Kulo mbrebes mili menawi kemutan. Enjing2 bapak ingkang makpungi ibu, mangke ibu sikat gigi piyambak lan sabunan piyambak, bapak namung nguyur toyanipun. Nggantosi ageman, nyisiri, lsp. Kulo taksih kuliah wonten Jogja kolo semanten. Mbak ingkang wonten dalem sampun budhal nyambut damel nalika ibu wungu. Mangke ibu lenggah wonten ngajeng mriksani kendaraan sliwar-sliwer wonten ratan. Bapak wonten sisihipun nyriosi babagan ingkang ndamel ibu bungah. Kagem semangat gesang, bapak asring ngendiko bilih usia pernikahan bapak lan ibu sampun badhe ngancik 50 tahun utawi kawin emas. Sampun mbayangaken mbenjang menawi kawin emas badhe ngawontenaken syukuran. Nanging dereng ngantos dugi wancinipun, ibu angsal serangan stroke ingkang kaping tigo. Lan ibu opname wonten nggriyo sakit. Sedinten setunggal dalu ibu mboten wungu. Bapak wonten sisihipun ibu. Lare-lare ugi neggo ibu, maringi pandonga lan maringi semangat kagem ibu. Nanging ibu sampun kedah wangsul. Naliko sakaratul maut, bapak nyedak wonten sisihipun ibu lan ngendiko: “Bapak tresno karo siro to Su. Wis 48 tahun bareng-bareng ora tau padu to Su. Rekoso bareng, seneng bareng. Saiki bocah-bocah wis podho mentas kabeh. Siro sing dadi ibu wis berhasil. Siro nek arep kondur wis padhang dalane.” Sakbibar bapak ngendiko ngoten, ibu kondur. Punika mboten saget kulo laleaken. Kulo mangertosi sanget bilih bapak lan ibu nggadahi tresno ingkang sejati. Ibu nenggo bapak ngendiko sakderengipun ibu kondur…
Mbenjang tgl 31 desember 2007 inggih kawin emasipun bapak lan ibu. Kulo bangga nggadahi tiyang sepuh kados bapak lan ibu. Kulo kepingin menawi mbenjang bebrayan, kulo nggadahi brayan ingkang tentrem lan tresno ingkang sejati.
Ibu, ibu bintang kagem kulo. Awan lan ndalu ibu wonten madangi kulo. Kulo sinau saking katresnan sejati bapak lan ibu. Sugeng gesang langgeng wonten ing sisihipun Gusti, Ibu…
Buat yang gk bisa bahasa Jawa, kutranslete deh biar kalian juga bisa paham psotinganku itu.
Hari Ibu diperingati setiap tanggal 22 Desember. Saat membahas itu dengan teman-teman, aku jadi ingat ibu yang sudah berpulang ke sisi Tuhan. Begitu melimpah dan luas kasih ibu kepada anak-anaknya. Sungguh cinta yang sejati yang dipersembahkan ibu kepada bapak, belahan jiwanya. Cinta ini yang menjadikan hidup selalu bahagia. Susah senang dapat dirasakan dengan bahagia.
Ibu yang mengandungku, yang melahirkanku dengan susah payah, yang sudah merawat & menghantarkanku hingga dewasa, mandiri seperti sekarang ini. Ibu yang mengasihi anak-anaknya dengan caranya sendiri. Ibu bukanlah orang yang lemah lembut atau sabar. Ibu orang yang galak, rajin, meskipun kecil hati, mudah menangis. Seringkali saat ada sesuatu yang mengharukan, ibu hanya bisa menangis *sepertinya ini menurun padaku*. Ibu juga pribadi yang tertutup. Jarang sekali beliau bercerita kepada anak-anak tentang apa yang ada dalam hatinya, hanya kepada bapak saja ibu bisa bercerita.
Ibu masih kecil ketika menikah dengan bapak. Waktu itu usianya baru 17 tahun. Memiliki suami bapak merupakan kebahagiaan tersendiri bagi ibu. Cinta yang tidak dimengerti oleh ibu, ibu berikan kepada bapak. Siapa yang tahu apa yang menjadi jalan hidup? Siapa yang tau jika ditengah kebahagiaan, bapak harus pergi meninggalkan ibu sendirian mengasuh 3 anak yang masih kecil-kecil. Tapi saat itu ibu begitu sabar menunggu bapak pulang. Pernah suatu hari kutanyakan kepada ibu: “ibu, kenapa waktu itu tidak menikah lagi aja?”. Ibu hanya berkata: “ibu sayang dan kasihan sama bapakmu”. Inilah yang menjadi ungkapan rasa cinta ibu kepada bapak. Ibu berkata demikian saat ibu sudah sakit dan sudah tidak bisa jalan, cerita dengan air mata mengalir karna ingat masa-masa itu.
Setelah bapak pulang. Ibu dan bapak memulai hidup dari nol. Menjadi penjual ’titih’ (dodol jagung). Saat sore hari menumbuk jagung dengan lumpang1 dan alu2. Besok pagi diedarkan keliling kampung dan pasar. Apa yang didapat hanya cukup untuk makan sehari. Begitu seterusnya setiap hari. Hingga saat suatu hari bapak bisa ikut menjadi kuli bangunan dan ibu ditawari menjahit di pecinan3. Saat itu ekonomi mulai membaik. Setiap sabtu bapak bisa membelikan susu buat anak-anak. Lalu bapak dapat warisan tanah dari simbah4. Bapak tidak punya pengalaman mengolah sawah sama sekali. Ibu yang memang anak petani ikut mengolah sawah. Sedikit-sedikit bapak mulai bisa. Pagi-pagi sekali bapak sudah berangkat ke sawah. Nanti pukul 9 bapak pulang untuk sarapan. Ibu sering ikut ke sawah. Ikut matun5, tanam padi, ataupun panen padi. Malah kadang ibu ikut menjadi buruh panen di sawah orang dan mendapat bawon6 satu gendongan, sesuai banyak padi yang berhasil ibu panenkan. Itulah yang menjadi keseharian bapak dan ibu. Jika sawah kami panen, bapak yang membawa hasil panen ke pasar dengan menggunakan sepeda, ibu mendorong sepeda di belakang dan di pasar ibu yang menjual hasil panenan. Jika panen palawija, subuh-subuh bapak dan ibu sudah pergi ke pasar. Dari situlah bapak dan ibu dapat menyekolahkan 5 anaknya hingga setingkat SMA dan 1 hingga sarjana (aku sendiri). Bapak sering berkata: ”Bapak hanya bisa menyekolahkan hingga SLTA, kalaupun ingin sarjana, sekolahlah sendiri nanti”. Sekarang sudah 3 anaknya yang sarjana dan 1 orang anaknya yang sedang melanjutkan S2.
Ibu punya penyakit hipertensi, minum obat bertahun-tahun, pijat ke mana-mana, sampai berobat ke dokter spesialis saraf dan sp.penyakit dalam. Ibu pernah mendapat serangan stroke sekali, tapi bisa sembuh. Mulutnya yang sempat tertarik ke samping bisa kembali normal. Serangan stroke yang kedua menjadikan tubuh sebelah kiri ibu lumpuh. Ibu tidak bisa berjalan sendiri, tidak bisa melakukan aktivitas apapun sendiri. Bapak yang merawat ibu dengan sabar dan setia. Kadang ibu manja seperti anak kecil, tapi bapak mengerti bahwa ibu sedang sakit dan beliau melayani ibu dengan telaten. Aku terharu mengingat itu. Pagi-pagi bapak memandikan ibu, ibu menyikat gigi dan menyabun badannya sendiri dengan tangan kanannya yang tidak lumpuh, bapak yang menyiramkan airnya. Lalu bapak pula yang akan mengganti baju ibu, menyisir rambut ibu, dan seterusnya. Aku masih kuliah di Jogja waktu itu, kakakku yang di rumah sudah berangkat kerja waktu ibu bangun. Nanti ibu akan duduk di teras memandangi kendaraan yang bersliweran di jalan raya depan rumah. Bapak duduk di sampingnya dan menceritakan hal-hal yang membuat ibu senang dan bahagia. Untuk penyemangat hidup bagi ibu, bapak sering bilang pada ibu bahwa usia pernikahan mereka hampir menginjak 50 tahun atau kawin emas. Sudah membayangkan, nanti pada saat kawin emas akan mengadakan syukuran. Namun belum sampai saat itu tiba, ibu mendapat serangan stroke yang ketiga. Dan ibu dirawat di rumah sakit. Sehari semalam ibu tidak bangun. Bapak selalu ada di sisi ibu, semua anak-anaknya juga menunggui ibu di rumah sakit. Memberikan doa dan memberi semangat buat ibu. Saat sakaratul maut, bapak mendekat ke sisi ibu dan berkata: ”Bapak sayang sama kamu kan Su7. Sudah 48 tahun bersama tidak pernah bertengkar kan Su. Susah bareng, seneng bareng. Sekarang anak-anak sudah mentas semua. Tugasmu sebagai ibu sudah berhasil. Sekarang kalau kamu mau pulang, jalanmu sudah terang”. Setelah mengucapkan itu, bapak mencium kening ibu, dan ibu pulang….. Momen itu tidak pernah bisa aku lupakan. *dan setiap mengingat itu air mataku selalu mengalir, juga saat aku mengetikkan ini pipiku basah oleh air mata*. Aku mengerti bahwa cinta yang dimiliki ibu dan bapak adalah cinta sejati. Ibu menunggu bapak menyampaikan semua itu, lalu ibu pulang dengan tenang…
Besok tanggal 31 Desember 2007 adalah kawin emas bapak dan ibu. Aku bangga memiliki orang tua seperti bapak dan ibu. Aku ingin jika aku berumah tangga nanti, aku memiliki rumah tangga yang tentram dan cinta yang sejati.
Ibu, ibu bintang bagiku. Siang dan malam ibu menerangiku. Aku belajar banyak dari cinta sejati bapak dan ibu. Selamat berbahagia dalam hidup kekal di sisi Tuhan, Ibu…..
Footnote:
1 alat berupa balok kayu/batu dengan cekungan yang digunakan untuk wadah menumbuk, biasanya untuk menumbuk beras menjadi tepung, atau biji kopi menjadi bubuk kopi, dll. –tt
2 batang kayu panjang sebagai penumbuk, merupakan pasangan dari lumpang –tt
3 kawasan pemukiman yang sebagian besar penghuninya adalah warga keturunan Tionghoa yang pada umumnya berbisnis
4 kakek/nenek. Dalam cerita ini adalah kakek dari ibu.
5 membersihkan sawah dari gulma dan tanaman2 pengganggu –tt
6 upah bagi buruh panen, biasanya 1/6 atau 1/7 dari gabah yang berhasil mereka panenkan
7 panggilan bapak untuk ibu, mengambil nama depan ibu: Sutiyem. Pernah suatu hari kuminta bapak mengganti panggilan untuk ibu, tapi bapak tetap pada panggilan itu karna kata bapak ini adalah panggilan yang baik karna ’su’ dalam bahasa jawa berarti ’baik’.
Air mataku menetes.
.:tt:.
aku juga….
Selain ceritanya yg bikin aku inget sma orang tuaku, pengunaan bahasa jawa kromonya mantabs,aku pake basa kromo cuma sama bapak
.:tt:.
maturnuwun Pak…
sy malah ndak pake krama inggil sama ortu…
hanya beberapa kata yang pake basa krama…
Cerita yang indah dan mengharukan, Ti…
.:tt:.
thanks jeng…
ni gara2 kalian pada nulis ttg mom n dad, jadi gw keinget tulisan ini…
mbaca lagi…nangis lagi deh….
luv u mom… luv u dad…
Mugi Gusti ingkang Moho Welas lan Moho Asih…asring paring rokhmat lan nikmat dumateng panjenengan Jeng… Kagem Ibu ingkang sampun tilar ndonya, mugi Gusti Ingkang Moho Kuwoso paringo pepadang dalane, lan sagedto dipun tampi kanthi lelenggahan ingkang mulyo Ing Ngarsane Gusti Ingkang Moho Suci…Amin yaa Robbal ‘Alamin…wal Hamdulillahi Robbil ‘Alamin….
.:tt:.
maturnuwun sanget dumateng mas hary4n4…
mugi Gusti paring pepadhang wonten ing gesang panjenengan… Amin…
Nuwun…
^waduh, jadi njowo ki…^
No word…..to ur wrote tt..!!!!
Just pray for her..as u always told me…
Only our pray is her happiness in heaven.
.:tt:.
Yupz.. I believe that she gets happiness with HIM in heaven.. I believe n im happy because of this..
jadi kangennn orang tua
pengen selalu berada disamping mereka
.:tt:.
ayo mudik mas….. 🙂
ini cerita nyata mbak?
sungguh mengharukan. hebat ya perjuangannya 🙂
iya mbak, aku udah diceritain sama isma, eka, dan nunu tentang mbak XDDD tadi kan aku ikutan kopdar mereka
.:tt:.
iya, cerita nyata… Bapak pernah pengen membukukan perjalanan hidupnya dalam bentuk biografi. Tapi trus macet…
wah…ternyata ikutan to??? senangnya…. kirain gk jadi ikut semalem…
jadi kangen banget mbak ma ibu
kapan ya bisa mudik lagi?
.:tt:.
ayo cari waktu libur…
pulang & jangan lupa bilang: “aku sayang Ibu….”
Susah ngga ngerti boso jowo…
ada translate nya ngga neh
.:tt:.
turun…turun…turun….
yap…ada kn edisi indonesianya….
hehehe… 🙂
sekalian belajar bhs jawa Pak… 😛
Cinta yg sejati,..
Wkwkwk..
Lam kenal y!!!
Visit Back y!!
.:tt:.
wah lha kok masuk spam komenmu…
thanks 4 visiting my blog…
siap kunjungan balik…
Jadi inget waktu kemaren sempat selisih paham sama mamah yang jauh di sana….belum sempat minta maaf secara langsung….ngobrol begitu saja seolah pertentangan kami kemarin tidak pernah terjadi. hikz…air mataku sempat menetes membaca postinganmu, tik…
.:tt:.
Dengan semua yg pernah dilalui kedua orangtuaku, aku yakin akan pertolongan DIA.. Akan matematika TUHAN yg tak bs dihitung dgn matematika manusia… Juga ttg kekuatan cinta yg bs menjadikan segala beban mjd ringan…
Ayo mb,sgr mnt maaf,mm pasti lbh senang… 🙂
Terharu…..
.:tt:.
heeh…
makasi udah berkunjung….
Jeng tt, km mbtku ‘mbrambang’.. Hiks.
.:tt:.
perjalanan hidup seseorang memang kadang bikin kita terharu, sedih, atau juga jadi semangat…
mantab benar ceritanya, lebih mantab lagi bahasanya!
.:tt:.
hehehe….itu sedikit cerita perjalanan hidup orangtuaku….
kaya’nya mau kusemangati tu niat bapak buat bikin biografi…. 🙂
bahasanya menang kendel mas…. 🙂
W0w. . .
Kata2.na njawi bgt.
🙂
Paz bgt bwt dinten ibu.
🙂
.:tt:.
makasih… 🙂
Sedih bacanya. Apalagi saat ibunya sakratul maut. So sweet skali ortu mbak.
Btw salam kenal mbak